Rabu, 30 Mei 2012

Aku Ora Sirik Karo Kowe


TUGAS BASA JAWA
CERKAK

Jenis      : Narasi Sugestif
Tema     : Katresnan lan Kasedihan
Paraga : Narto x Supiyem x Sutarjo

Aku Ora Sirik Karo Kowe
dening
Atika Nur Sabrina

"Narto.. Mangan sek heh!!" jare Supiyem karo lungguh ning sebelahe Narto.
"Hahaha.. Ya ya..,” Narto ngeculke stick PS sing ket mau dicekeli.
Narto ndelok panganane karo pandangan bingung.
"Napa? Dipangan tho.. Aku wis nggawe susah payah ki..," jare Supiyem rada melas.
"Ya ya.. Hehe.. Rak sah nangis tha..," Narto njiwit pipine Supiyem.
Narto mangan karo lahape.
Supiyem seneng banget ndelok Narto mangan. Neng batine deknen ngomong, 'Cepet mari, ya..'
"Wis! Entek ki!" Narto ndelehke piringe sing wis entek resik.
"Apik, apik.. Saiki ngombe obat..," Supiyem ngekke 7 butir obat werna-werni lan sakgelas banyu putih.
Narto ndelok obate karo tatapan ogah-ogahan.
"Napa? Kowe rak gelem ngombe obat maneh? Padahal kae kowe wis janji hlo nek meh ngombe obat ben cepet mari," jare Supiyem.
"Hehe.. Ya ya.. Rak sah ngambek tha..," Narto langsung neguk 7 obat lan ngombe banyu putih.
"Cepet mari, ya.."

XxXxXxX

Narto kuwi cah lanang sing umure 17 taun. Deknen kena penyakit sirosis. Wong tuwane wis ora ana ket deknen umur 14 taun. Deknen dhuwure kira-kira 172 cm, kulite sawo matang, rambute ireng jabrik, lan wajahe pucat. Deknen sugeh marake harta wong tuwane nggo deknen kabeh, bocahe seneng guyon, lan isa nggawe wong liya ngguyu.
Supiyem iku cah wedok sing nglamar dadi perawate Narto gara-gara butuh dhuwit kanggo sekolahe. Wonge ayu, kulite putih, rambute lurus sak gulu, dhuwure kira-kira 167 cm.

Sansoyo suwi wong loro mau sansoyo cedhak. Bar bali sekolah, Supiyem ngerawat Narto nganti jam 10 wengi. Supiyem dadi reti watak-watake Narto. Janne nek Narto sekolah, Narto mesti wis duwe kanca akeh. Nanging penyakite rak ngentukke deknen sekolah. Tur maneh Narto rak gelem ngerepotke wong akeh. Dadi, Supiyem nek ning omahe Narto mesti nggawa buku pelajaran kanggo sinau bareng.

XxXxXxX

"Narto, preinan mengko munggah gunung yok!! Ning kana ana taman kembang sing apik.... banget!" jare Supiyem semangat banget nalika deknen lan Narto mlaku-mlaku ning pasar malam.
"Emang preinane kapan tha??" takon Narto.
"Telung dina neh. Yok, Nar! Daripada kowe bosen ning omah terus! Mending mlaku-mlaku!"
"Ya ya.. Hahaha.. Kowe ki cuma munggah gunung wae senenge rak kerawan!"
"Oh ya! Kowe meh cangkok ati kapan??" takon Supiyem.
"Ya... Kapan ya?? Nek aku meh mati wae. Aku pingin Sutarjo urip luwih suwi maneh," jawab Narto.
"Sing ndonorke atimu Sutarjo tha?? Ndak mbayar ngono kuwi?"
"Ya mbayarlah, cah ayu... Masak gratis??"
"Hla sing mbayar sapa? Mang kowe duwe dhuwit?"
"Ya nek aku rak duwe dhuwit aku rak isa nggaji kowelah.. Nek masalah donor, wis dibayari wong tuwaku. Tur maneh wong tuwane Sutarjo ya butuh dhuwit. Sutarjo wae lara ginjal."
"Mesakke, ya!"
"Hahaha... Kuwi nasibe deknen dadi wong kere," Narto malah ngguyu cewawakan.
"Aku yo wong kere!" bengok Supiyem.
"Aku guyon! Janne aku ya mesakke mbek deknen. Nanging takdir ngomong liya."
"Narto, aku njaluk tapak asmamu," Supiyem ngentokke kertas HVS saka tase.
"Kanggo apa?"
"Kowe kan wis ngomong yen bakal ngancani aku munggah gunung, tapak asma sek tha.. Buktine ki nek kowe wis janji," jare Supiyem.
"Hahaha.. Ya ya.. Ndadak nganggo tapak asma barang owk! Aeng-aeng wae," Narto mbubuhi tapak asma ning kertas mau.
"Thanks.. Arigatou..," Supiyem seneng banget lan ngeleboke kertas mau ning tase.
"Kowe ndak jek ileng kae nalika kowe nglamar dadi perawatku? Kowe lucu banget. Hahaha..," Narto ngguyu cekakakan.
"Wis tha rak sah dibahas.. Aku isin reti rak??" Supiyem ngotot karo njitak sirahe Narto.
Narto tetep ngguyu terus rak meneng-meneng.

Flashback

Tok tok tok
"Assalamualaikum... Kula nuwun..," Supiyem ngetuk lawang omahe Narto.
"Waalaikumsalam," Narto mbuka lawange.
"Mas Narto?? Mas Narto butuh perawat boten? Kula badhe nglamar dadi perawate Mas Narto. Tulungi kula, Mas.. Kula butuh arta kangge sekolah..," Supiyem melas banget.
"Hehe.. Sorry ya.. Aku rak butuh perawat iwk! Nggolek ning panggonan liya wae," Narto meh nutup lawange nanging Supiyem nyekel lawange ben rak nutup.
"Mas, tulungi aku... Aku isa masak, ngumbahi, ngepel, nyapu-"
"Aku ora butuh."
"Mas tega ndelok wong pingin sekolah rak isa sekolah?? Ya, Mas? Ya? Ya? Ya?" Supiyem ndelokke wajahe deknen sing paling melas.
"Hah.. Ya ya," Narto nyerah. Ketimbang debat karo Supiyem mending ngomong 'ya'.
"Jenengmu sapa?" takon Narto.
"Supiyem. Asma kula Supiyem!" bengok Supiyem semangat banget.
"Rak sah ngundang 'Mas'. Narto wae."

End of Flashback

"Kae barang kowe ngundang aku 'Mas' tha? Hahaha..," Narto nggoceki wetenge seng rasane geli banget.
"Ya ya..," Supiyem ngerucutke lambene.
"Rak sah nesu," Narto nepuk rambut ireng Supiyem nganti nggawe wajahe Supiyem seabang tomat.

XxXxXxX

Dina iki Narto lan Supiyem arep munggah gunung kanggo ndelok taman kembang seng jarene Supiyem apik banget.

Sawise tekan sikil gununge mau, Supiyem lan Narto mlaku alon-alon. Wong loro mau sumringah banget.

"Yok, Nar!" bengok Supiyem gara-gara Narto mlakune alon banget. Wajahe ketok nek deknen kesel banget. Sansoyo suwi wajahe sansoyo pucat. Nanging Supiyem tetep ngongkon Narto munggah gunung. Anehe, Narto rak nolak. Narto malah meringis.

Dalanan mulai nanjak, nanging dumadakan Narto muntah-muntah geteh lan semaput. Supiyem kaget banget. Untung wae enek pendaki liya dadi Narto isa ketulung ning rumah sakit.

XxXxXxX

"Narto?? Kowe rak papa? Jare dokter sesuk kowe kudu operasi," jare Supiyem reti Narto wis tangi.
"Jekokke nampan," jare Narto alon.
Supiyem cepet-cepet njekok nampan.
Narto muntah geteh ning nampan mau. Supiyem langsung nangis reti majikane lara-laranan.
"Aku rak apa. Bar iki aku mari. Kowe ki rak sah nangis," Narto nyekel tangane Supiyem.
"Sutarjo??" Narto kaget jebule Sutarjo wis lungguh ning ranjang sebelahe deknen.
"Napa?" takon Sutarjo sengit.
"Rak papa," Narto mesem.
"Narto, aku bali sek ya.. Wis bengi..," Supiyem ngecolke tangane Narto lan mentu saka kamar sing nomere 217.
"Deknen ayu rak?" takon Narto ning Sutarjo.
"Ora," jawab Sutarjo.
"Hahaha...," Narto ngguyu rak jelas. "Sutarjo, aku njaluk ngapura," wajahe Narto dadi serius.
"Ngapura? Kanggo apa?"
"Kanggo kabeh," Narto langsung turu.

XxXxXxX

Narto dipindahke ning ruang operasi.

"Muga operasine lancar ya..," donga Supiyem.

Narto wis mlebu ning ruang operasi.

"Apa rencanamu?" takon Sutarjo nalika Supiyem mlebu kamare.
"Aku wis entuk tapak asmane Narto. Kowe bakal urip, Sutarjo. Dhuwit sing dinggo donor atimu bakal kanggo utang-utangmu ning rumah sakit. Kowe bakal entuk donor ginjal gratis. Wong serakah kuwi bakal mati," Supiyem semangat banget ngomong ngono ning Sutarjo.
"Dadi kowe pingin deknen mati?" takon Sutarjo.
"Wong rak duwe ati kayak deknen emang pantes mati."

Dokter mlebu ning kamar Sutarjo marake Sutarjo arep dipindahke sak ruangan mbek Narto.

Operasi wis dimulai. Supiyem ngenteni karo kuatir. nalika ngenteni kuwi, sing dipikir malah Narto. Wong kuwi bakal mati. Wong serakah kayak deknen rak pantes urip. Nanging, ning atine Supiyem paling njero kok rak pingin Narto mati ya?? Supiyem malah dadi ileng kenangane deknen mbek Narto. Narto sing lucu, imut, humoris, lan beno lara tetep isa ngguyu. Deknen ki cah lanang kuat sing rapuh. Supiyem malah dadi ileng cara ngguyune Narto. Hlo, hlo, Supiyem, aja ngono tha.. Deknen ki cuma mbok manfaatke thok, batin Supiyem.

Dokter mentu saka ruang operasi. Operasine lancar. Sutarjo urip lan Narto wis rak ana. Nanging, napa kok deknen ora seneng, napa kok deknen nangis?? Banyu saka mripate rak isa ditahan. Banyu mripate Supiyem mentu terus kaya udan sing ora mandheg-mandheg. Napa atine rasane lara banget.

"Supiyem, Narto ngeki iki nggo kowe. Jare dikekke Supiyem nek deknen wis ora ana," jare dokter.
"Ha??" Supiyem langsung ngerebut amplop pink sing digawa dokter.
Dokter ninggalke Supiyem.


Flashback

"Kowe nulis apa, Nar?" takon Supiyem nalika wong loro kuwi meh munggah gunung.
"Ki layang kanggo wong sing tak tresnani," jawab Narto.
"Nganggone amplop pink sisan!"
"Ya.. Kan deknen seneng werna pink!"
"Kuwi layang nggo aku, ya? Aku seneng werna pink hlo..," Supiyem nggoda Narto.

End of Flashback

"Dadi layang iki nggo aku?? Aku? Deknen tresna karo aku?" Supiyem mbuka layang mau.

Kanggo
Cah wedok sing pinter akting

Supiyem, paleng nalika kowe maca layang iki aku wis ora ana. Aja nangis ya.. Kowe mesti bingung napa kok aku reti aku bakal mati. Ginjalku kan kanggo Sutarjo. Hehe.. Aku reti hlo kowe pacaran mbek Sutarjo. Moga kowe bagya mbek Sutarjo ya.. Aku njaluk ngapura.. Aku bakal nyeritake saka awal. Kowe mesti bingung tha saiki?

Aku mbek Sutarjo wis kenal ket jek cilik ning rumah sakit iki. Kowe mesti reti tho?? Aku ya reti nek wong tuwaku jahat mbek keluargane Sutarjo. Yah, kae wong tuwaku mbek wong tuwane Sutarjo cedhak banget nganti wong tuwaku reti yen atine Sutarjo cocok nggo aku. Wong tuwaku nggawe perusahaan bapakke Sutarjo bangkrut lan akeh utang dadi wong tuwane Sutarjo bakal gelem ngekke atine Sutarjo nggo bayar utang-utange. Yah, wong tuwane Sutarjo edan dhuwit nganti anakke dadi korban. Kuwi kesalahan kaping pisanku. Aku njaluk ngapura.

Ket cilik aku cedhak karo Sutarjo. Aku yo reti nek Sutarjo seneng mbek kowe. Ya beno, Sutarjo pacarmu tho?? Kowe ndak reti dewe ki sak SMP?? Paling kowe rak reti marake aku jarang mlebu sekolah gara-gara aku sering ning rumah sakit. Supiyem, meneng-meneng, aku tresna karo kowe ya beno aku reti nek kowe seneng mbek Sutarjo.

Nalika kowe nglamar dadi perawatku, aku kaget lan seneng. Aku nrima kowe marake aku pingin cedhak karo kowe. Aku reti kowe wong sugeh, rak mungkin wong kayak kowe pingin dadi perawatku, kowe mesti duwe tujuan liya yaiku mateni aku. Kowe ngeki aku panganan sing isa mateni aku, obat-obat sing ngerusak atiku, lan nggawe aku kesel. Aku wis lara 8 taun, aku reti panganan apa sing ora entuk tak pangan, aku reti obat-obatan sing kudu tak ombe, ya beno aku reti nek aku rak entuk kesel. Aku rak ngamuk, nanging aku seneng. Aku seneng yen ndelok kowe seneng. Wajahmu rasane seneng banget ndelok aku tambah cedhak mbek kematian. Aku bakal ngelakoake apa wae ben kowe isa seneng, isa ngguyu kaya kowe nalika mbek Sutarjo.

Nalika kowe njaluk tapak asmaku, kuwi kanggo tanda bukti tha nek aku ngekke ginjalku nggo Sutarjo? Rak papa.. Aku seneng yen kowe ya seneng. Aku rak tau mikir kowe manfaatke aku, kowe entuk njekok apa wae saka awakku asal kowe seneng.

Kowe reti rak napa kok aku seneng nyanyi lagune Ungu sing judule Cinta dalam Hati. Lagu kuwi pas banget nggo aku.

Mungkin ini memang jalan takdirku
Mengagumi tanpa dicintai
Tak mengapa bagiku asal kaupun bahagia dalam hidupmu
Dalam hidupmu

Telah lama kupendam perasaan itu
Menunggu hatimu menyambut diriku
Tak mengapa bagiku mencintaimupun adalah bahagia untukku
Bahagia untukku

Kuingin kau tahu diriku di sini menanti dirimu
Meski kutunggu hingga ujung waktuku
Dan berharap rasa ini kan abadi untuk selamanya

Dan ijinkan aku memeluk dirimu kali ini saja
Tuk ucapakan selamat tinggal untuk selamanya
Dan biarkan rasa ini bahagia untuk sekejap saja

Aku bodho ya.. Aku gelem nglakoake apa wae nggo kowe. Sing terakhir, aku tresna karo kowe. Kowe reti rak sing tak pingini saiki? Aku pingin kowe mesem enek apa rak enek aku. Muga kowe bagya mbek Sutarjo.

Saka
Wong bodho sing tresna karo kowe
Narto

Supiyem ngeremes surat kuwi karo nangis. Banyu mripate rak isa mandheg. Rasane sikil iki rak isa nggo ngangkat awakke.

"Goblok. Napa kowe kok isa segoblok kuwi??" bengok Supiyem ning lorong sing wis sepi kuwi. "Ngapa kowe ijek isa ngguyu padahal kowe reti nek meh mati??"

Narto ora bodho. Sing bodho ki ya aku. Wong bodho kuwi wong sing ora ngerasake tresna saka wong sing nyenengi deknen, batin Supiyem.

TAMAT

Atika Nur Sabrina (X-3 / 7)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar