TUGAS BASA JAWA
CERKAK
Jenis : Narasi Sugestif
Tema : Katresnan lan Kasedihan
Paraga : Narto x Supiyem x Sutarjo
Aku Ora Sirik Karo Kowe
dening
Atika Nur Sabrina
"Narto..
Mangan sek heh!!" jare Supiyem karo lungguh ning sebelahe Narto.
"Hahaha..
Ya ya..,” Narto ngeculke stick PS sing ket mau dicekeli.
Narto
ndelok panganane karo pandangan bingung.
"Napa?
Dipangan tho.. Aku wis nggawe susah payah ki..," jare Supiyem rada melas.
"Ya
ya.. Hehe.. Rak sah nangis tha..," Narto njiwit pipine Supiyem.
Narto
mangan karo lahape.
Supiyem
seneng banget ndelok Narto mangan. Neng batine deknen ngomong, 'Cepet mari,
ya..'
"Wis!
Entek ki!" Narto ndelehke piringe sing wis entek resik.
"Apik,
apik.. Saiki ngombe obat..," Supiyem ngekke 7 butir obat werna-werni lan
sakgelas banyu putih.
Narto
ndelok obate karo tatapan ogah-ogahan.
"Napa?
Kowe rak gelem ngombe obat maneh? Padahal kae kowe wis janji hlo nek meh ngombe
obat ben cepet mari," jare Supiyem.
"Hehe..
Ya ya.. Rak sah ngambek tha..," Narto langsung neguk 7 obat lan ngombe
banyu putih.
"Cepet
mari, ya.."
XxXxXxX
Narto
kuwi cah lanang sing umure 17 taun. Deknen kena penyakit sirosis. Wong tuwane
wis ora ana ket deknen umur 14 taun. Deknen dhuwure kira-kira 172 cm, kulite
sawo matang, rambute ireng jabrik, lan wajahe pucat. Deknen sugeh marake harta
wong tuwane nggo deknen kabeh, bocahe seneng guyon, lan isa nggawe wong liya
ngguyu.
Supiyem
iku cah wedok sing nglamar dadi perawate Narto gara-gara butuh dhuwit kanggo
sekolahe. Wonge ayu, kulite putih, rambute lurus sak gulu, dhuwure kira-kira
167 cm.
Sansoyo
suwi wong loro mau sansoyo cedhak. Bar bali sekolah, Supiyem ngerawat Narto
nganti jam 10 wengi. Supiyem dadi reti watak-watake Narto. Janne nek Narto
sekolah, Narto mesti wis duwe kanca akeh. Nanging
penyakite rak ngentukke deknen sekolah. Tur maneh Narto rak gelem
ngerepotke wong akeh. Dadi, Supiyem nek ning omahe Narto mesti nggawa buku
pelajaran kanggo sinau bareng.
XxXxXxX
"Narto,
preinan mengko munggah gunung yok!! Ning kana ana taman kembang sing apik....
banget!" jare Supiyem semangat banget nalika deknen lan Narto mlaku-mlaku
ning pasar malam.
"Emang
preinane kapan tha??" takon Narto.
"Telung
dina neh. Yok, Nar! Daripada kowe bosen ning omah terus! Mending
mlaku-mlaku!"
"Ya
ya.. Hahaha.. Kowe ki cuma munggah gunung wae senenge rak kerawan!"
"Oh
ya! Kowe meh cangkok ati kapan??" takon Supiyem.
"Ya...
Kapan ya?? Nek aku meh mati wae. Aku pingin Sutarjo urip luwih suwi
maneh," jawab Narto.
"Sing
ndonorke atimu Sutarjo tha?? Ndak mbayar ngono kuwi?"
"Ya
mbayarlah, cah ayu... Masak gratis??"
"Hla
sing mbayar sapa? Mang kowe duwe dhuwit?"
"Ya
nek aku rak duwe dhuwit aku rak isa nggaji kowelah.. Nek masalah donor, wis
dibayari wong tuwaku. Tur maneh wong tuwane Sutarjo ya butuh dhuwit. Sutarjo
wae lara ginjal."
"Mesakke,
ya!"
"Hahaha...
Kuwi nasibe deknen dadi wong kere," Narto malah ngguyu cewawakan.
"Aku
yo wong kere!" bengok Supiyem.
"Aku
guyon! Janne aku ya mesakke mbek deknen. Nanging takdir
ngomong liya."
"Narto,
aku njaluk tapak asmamu," Supiyem ngentokke kertas HVS saka tase.
"Kanggo
apa?"
"Kowe
kan wis ngomong yen bakal ngancani aku munggah gunung, tapak asma sek tha..
Buktine ki nek kowe wis janji," jare Supiyem.
"Hahaha..
Ya ya.. Ndadak nganggo tapak asma barang owk! Aeng-aeng wae," Narto
mbubuhi tapak asma ning kertas mau.
"Thanks..
Arigatou..," Supiyem seneng banget lan ngeleboke kertas mau ning tase.
"Kowe
ndak jek ileng kae nalika kowe nglamar dadi perawatku? Kowe lucu banget.
Hahaha..," Narto ngguyu cekakakan.
"Wis
tha rak sah dibahas.. Aku isin reti rak??" Supiyem ngotot karo njitak
sirahe Narto.
Narto
tetep ngguyu terus rak meneng-meneng.
Flashback
Tok
tok tok
"Assalamualaikum...
Kula nuwun..," Supiyem ngetuk lawang omahe Narto.
"Waalaikumsalam,"
Narto mbuka lawange.
"Mas
Narto?? Mas Narto butuh perawat boten? Kula badhe nglamar dadi perawate Mas
Narto. Tulungi kula, Mas.. Kula butuh arta kangge sekolah..," Supiyem
melas banget.
"Hehe..
Sorry ya.. Aku rak butuh perawat iwk! Nggolek ning panggonan liya
wae," Narto meh nutup lawange nanging Supiyem nyekel lawange ben rak
nutup.
"Mas,
tulungi aku... Aku isa masak, ngumbahi, ngepel, nyapu-"
"Aku
ora butuh."
"Mas
tega ndelok wong pingin sekolah rak isa sekolah?? Ya, Mas? Ya? Ya? Ya?"
Supiyem ndelokke wajahe deknen sing paling melas.
"Hah..
Ya ya," Narto nyerah. Ketimbang debat karo Supiyem mending ngomong 'ya'.
"Jenengmu
sapa?" takon Narto.
"Supiyem.
Asma kula Supiyem!" bengok Supiyem semangat banget.
"Rak
sah ngundang 'Mas'. Narto wae."
End of Flashback
"Kae
barang kowe ngundang aku 'Mas' tha? Hahaha..," Narto nggoceki wetenge seng
rasane geli banget.
"Ya
ya..," Supiyem ngerucutke lambene.
"Rak
sah nesu," Narto nepuk rambut ireng Supiyem nganti nggawe wajahe Supiyem seabang tomat.
XxXxXxX
Dina
iki Narto lan Supiyem arep munggah gunung kanggo ndelok taman kembang seng
jarene Supiyem apik banget.
Sawise
tekan sikil gununge mau, Supiyem lan Narto mlaku alon-alon. Wong loro mau
sumringah banget.
"Yok,
Nar!" bengok Supiyem gara-gara Narto mlakune alon banget. Wajahe ketok nek
deknen kesel banget. Sansoyo suwi wajahe sansoyo pucat. Nanging Supiyem tetep
ngongkon Narto munggah gunung. Anehe, Narto rak nolak. Narto malah meringis.
Dalanan
mulai nanjak, nanging dumadakan Narto muntah-muntah geteh lan semaput. Supiyem
kaget banget. Untung wae enek pendaki liya dadi Narto isa ketulung ning rumah
sakit.
XxXxXxX
"Narto??
Kowe rak papa? Jare dokter sesuk kowe kudu operasi," jare Supiyem reti
Narto wis tangi.
"Jekokke
nampan," jare Narto alon.
Supiyem
cepet-cepet njekok nampan.
Narto
muntah geteh ning nampan mau. Supiyem langsung nangis reti majikane
lara-laranan.
"Aku
rak apa. Bar iki aku mari. Kowe ki rak sah nangis," Narto nyekel tangane
Supiyem.
"Sutarjo??"
Narto kaget jebule Sutarjo wis lungguh ning ranjang sebelahe deknen.
"Napa?"
takon Sutarjo sengit.
"Rak
papa," Narto mesem.
"Narto,
aku bali sek ya.. Wis bengi..," Supiyem ngecolke tangane Narto lan mentu
saka kamar sing nomere 217.
"Deknen
ayu rak?" takon Narto ning Sutarjo.
"Ora,"
jawab Sutarjo.
"Hahaha...,"
Narto ngguyu rak jelas. "Sutarjo, aku njaluk ngapura," wajahe Narto
dadi serius.
"Ngapura?
Kanggo apa?"
"Kanggo
kabeh," Narto langsung turu.
XxXxXxX
Narto
dipindahke ning ruang operasi.
"Muga
operasine lancar ya..," donga Supiyem.
Narto
wis mlebu ning ruang operasi.
"Apa
rencanamu?" takon Sutarjo nalika Supiyem mlebu kamare.
"Aku
wis entuk tapak asmane Narto. Kowe bakal urip, Sutarjo. Dhuwit sing dinggo
donor atimu bakal kanggo utang-utangmu ning rumah sakit. Kowe bakal entuk donor
ginjal gratis. Wong serakah kuwi bakal mati," Supiyem semangat banget
ngomong ngono ning Sutarjo.
"Dadi
kowe pingin deknen mati?" takon Sutarjo.
"Wong
rak duwe ati kayak deknen emang pantes
mati."
Dokter
mlebu ning kamar Sutarjo marake Sutarjo arep dipindahke sak ruangan mbek Narto.
Operasi
wis dimulai. Supiyem ngenteni karo kuatir. nalika ngenteni kuwi, sing dipikir
malah Narto. Wong kuwi bakal mati. Wong serakah kayak deknen rak pantes urip.
Nanging, ning atine Supiyem paling njero kok rak pingin Narto mati ya?? Supiyem
malah dadi ileng kenangane deknen mbek Narto. Narto sing lucu, imut, humoris,
lan beno lara tetep isa ngguyu. Deknen ki cah lanang kuat sing rapuh. Supiyem
malah dadi ileng cara ngguyune Narto. Hlo, hlo, Supiyem, aja ngono tha.. Deknen
ki cuma mbok manfaatke thok, batin Supiyem.
Dokter
mentu saka ruang operasi. Operasine lancar. Sutarjo urip lan Narto wis rak ana.
Nanging, napa kok deknen ora seneng, napa kok deknen nangis?? Banyu saka
mripate rak isa ditahan. Banyu mripate Supiyem mentu
terus kaya udan sing ora mandheg-mandheg. Napa atine rasane lara banget.
"Supiyem,
Narto ngeki iki nggo kowe. Jare dikekke Supiyem nek deknen wis ora ana,"
jare dokter.
"Ha??"
Supiyem langsung ngerebut amplop pink sing digawa dokter.
Dokter
ninggalke Supiyem.
Flashback
"Kowe
nulis apa, Nar?" takon Supiyem nalika wong loro kuwi meh munggah gunung.
"Ki
layang kanggo wong sing tak tresnani," jawab Narto.
"Nganggone
amplop pink sisan!"
"Ya..
Kan deknen seneng werna pink!"
"Kuwi
layang nggo aku, ya? Aku seneng werna pink hlo..," Supiyem nggoda
Narto.
End of Flashback
"Dadi
layang iki nggo aku?? Aku? Deknen tresna karo aku?" Supiyem mbuka layang
mau.
Kanggo
Cah wedok sing
pinter akting
Supiyem, paleng nalika kowe maca layang iki aku wis ora ana. Aja nangis
ya.. Kowe mesti bingung napa kok aku reti aku bakal mati. Ginjalku kan kanggo
Sutarjo. Hehe.. Aku reti hlo kowe pacaran mbek Sutarjo. Moga kowe bagya mbek
Sutarjo ya.. Aku njaluk ngapura.. Aku bakal nyeritake saka awal. Kowe mesti
bingung tha saiki?
Aku mbek Sutarjo wis kenal ket jek cilik ning rumah sakit iki. Kowe
mesti reti tho?? Aku ya reti nek wong tuwaku jahat mbek keluargane Sutarjo. Yah,
kae wong tuwaku mbek wong tuwane Sutarjo cedhak banget nganti wong tuwaku reti
yen atine Sutarjo cocok nggo aku. Wong tuwaku nggawe perusahaan bapakke Sutarjo
bangkrut lan akeh utang dadi wong tuwane Sutarjo bakal gelem ngekke atine Sutarjo
nggo bayar utang-utange. Yah, wong tuwane Sutarjo edan dhuwit nganti anakke
dadi korban. Kuwi kesalahan kaping pisanku. Aku njaluk ngapura.
Ket cilik aku cedhak karo Sutarjo. Aku yo reti nek Sutarjo seneng mbek
kowe. Ya beno, Sutarjo pacarmu tho?? Kowe ndak reti dewe ki sak SMP?? Paling
kowe rak reti marake aku jarang mlebu sekolah gara-gara aku sering ning rumah
sakit. Supiyem, meneng-meneng, aku tresna karo kowe ya beno aku reti nek kowe
seneng mbek Sutarjo.
Nalika kowe nglamar dadi perawatku, aku kaget lan seneng. Aku nrima
kowe marake aku pingin cedhak karo kowe. Aku reti kowe wong sugeh, rak mungkin
wong kayak kowe pingin dadi perawatku, kowe mesti duwe tujuan liya yaiku mateni
aku. Kowe ngeki aku panganan sing isa mateni aku, obat-obat sing ngerusak
atiku, lan nggawe aku kesel. Aku wis lara 8 taun, aku reti panganan apa sing ora
entuk tak pangan, aku reti obat-obatan sing kudu tak ombe, ya beno aku reti nek
aku rak entuk kesel. Aku rak ngamuk, nanging aku seneng. Aku seneng yen ndelok
kowe seneng. Wajahmu rasane seneng banget ndelok aku tambah cedhak mbek
kematian. Aku bakal ngelakoake apa wae ben kowe isa seneng, isa ngguyu kaya
kowe nalika mbek Sutarjo.
Nalika kowe njaluk tapak asmaku, kuwi kanggo tanda bukti tha nek aku
ngekke ginjalku nggo Sutarjo? Rak papa.. Aku seneng yen kowe ya seneng. Aku rak
tau mikir kowe manfaatke aku, kowe entuk njekok apa wae saka awakku asal kowe
seneng.
Kowe reti rak napa kok aku seneng nyanyi lagune Ungu sing judule Cinta
dalam Hati. Lagu kuwi pas banget nggo aku.
Mungkin ini memang
jalan takdirku
Mengagumi tanpa
dicintai
Tak mengapa bagiku asal
kaupun bahagia dalam hidupmu
Dalam hidupmu
Telah lama kupendam
perasaan itu
Menunggu hatimu
menyambut diriku
Tak mengapa bagiku
mencintaimupun adalah bahagia untukku
Bahagia untukku
Kuingin kau tahu
diriku di sini menanti dirimu
Meski kutunggu
hingga ujung waktuku
Dan berharap rasa
ini kan abadi untuk selamanya
Dan ijinkan aku
memeluk dirimu kali ini saja
Tuk ucapakan
selamat tinggal untuk selamanya
Dan biarkan rasa
ini bahagia untuk sekejap saja
Aku bodho ya.. Aku gelem nglakoake apa wae nggo kowe. Sing terakhir,
aku tresna karo kowe. Kowe reti rak sing tak pingini saiki? Aku pingin kowe
mesem enek apa rak enek aku. Muga kowe bagya mbek Sutarjo.
Saka
Wong bodho sing
tresna karo kowe
Narto
Supiyem
ngeremes surat kuwi karo nangis. Banyu mripate rak isa mandheg. Rasane sikil
iki rak isa nggo ngangkat awakke.
"Goblok.
Napa kowe kok isa segoblok kuwi??" bengok Supiyem ning lorong sing wis
sepi kuwi. "Ngapa kowe ijek isa ngguyu padahal kowe reti nek meh
mati??"
Narto
ora bodho. Sing bodho ki ya aku. Wong bodho kuwi wong sing ora ngerasake tresna
saka wong sing nyenengi deknen, batin Supiyem.
TAMAT
Atika Nur Sabrina (X-3 / 7)